728x90 AdSpace

Latest News
Jumat, 27 Maret 2026

Ikrar Halal Bi Halal


IKRAR HALAL BI HALAL

Ustadz Sarwanto, S.Ag.

Ketua Majelis Tabligh PCM Blimbing Daerah Sukoharjo, Kepala MI Muhammadiyah Wonorejo

 

أَعُوذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ

بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ

أَشْهَدُ أَنْ لَا إِلٰهَ إِلَّا اللَّهُ وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُولُ اللَّهِ

أَسْتَغْفِرُ اللَّهَ الْعَظِيمَ (3×)

Ing dinten riyoyo Idul Fitri 1447 H meniko, kulo ngaturaken sugeng riyadi, mugi tentreming manah tansah pinaringan saking Allah .

Selajengipun kulo nglenggono, bilih kulo minongko titah manungso, ingkang gesang wonten ing alam donyo meniko, tartamtu kathah salah lan kathah doso dumateng panjenengan sedoyo.

Pramilo wonten ing kesempatan meniko, menawi kulo gadah salah lan gadah doso ingkang kasenggoyo utawi mboten dipun senggoyo, kanthi tandesing manah, kawulo nyuwun pangapunten dumateng panjenengan sedoyo.

Semanten ugi menawi panjenengan sedoyo gadah salah lan gadah doso dumateng kawulo, wonten ing kesempatan meniko kanthi ikhlasing manah kulo caosi pangapuro, mugi-mugi Allah  paring pangapunten tumrap sedoyo salah lan doso kulo dalah panjenengan sedoyo.

تَقَبَّلَ اللَّهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ

Mugi-mugi Allah  nampi amal ibadah kulo soho panjenengan sedaya.

جَعَلَنَا اللَّهُ وَإِيَّاكُمْ مِنَ الْعَائِدِينَ وَالْفَائِزِينَ

Mugi-mugi Allah  ndadosaken kulo lan panjenengan sedaya kalebet tiyang-tiyang engkang wangsul dumateng kesucian lan kalebet tiyang-tiyang engkang pikantuk kemenangan.

Aamiin.

  • Blogger Comments
  • Facebook Comments

0 komentar:

Posting Komentar

Item Reviewed: Ikrar Halal Bi Halal Rating: 5 Reviewed By: Admin 2 TablighMu